Beritae coro jowo ae yo rek !....cek pantes nek website ndeso
( Jatirubuh 22 April 2016 )
Maeng esok pas kerja bakti nang lokasi sumur Jatirubuh lakok Pak Ji Sutaji semaput. Critane ngene Pak Ji iku netheli pang - pange kayu sing mari di kethok karo uwong - uwong sak kelebatan aku yo ero nek Pak Ji iku ketiban kayu ( jane kayune ora sepiro gedhe ) pok e sing gedhe... lha sing ngenek'i Pak Ji iku pucuk'e paling yo sak lengen lha..! tapi mungkin Pak Ji awak'e yo kurang sehat male yo semaput wonge.( jane aku yo ora nganggit nek sampek semaput ) .Pas tak parani lakok wonge merem awak'e yo lemes ( waduh piye iki bathinku ) omahe yo rodok luwong adoe terus tak angkat karo Pakne Bella, terus karo karo Gok Min Warmin mboh sopo ( wis ora pati merhatek'no soale rodok gugup ) dadi tak angkat wong telu lakok kuangelan aku lha wong mergane Gimin dep-depan karo Gok Min warmin ngangkat ndas karo gegere lha aku ngangkat sikil karo bokonge ( ijen gak nok sisiane ) lha uwong uwong wasno thok ( mboh ketinggengen mboh piye ) ketang tutok barongan sandeng omahe Tarmin ono Gok di Samidi terus diewangi aku, sampek menggos - menggos rasane, tutok mejid etan iku cakut akeh wong ngewangi nggotong. Terus sampek omahe Pak Ji di glendangno nang mbayang, wonge pancet gorong sadar blas, ketang ono Pak Dul terus di genjot isore dhodo terus rodok sadar ( obah wonge ) tapi jek merem. Alhamdulillah gak opo opo !
Wis sak munu ae rek critane .Semoga Pak Ji lekas sehat kembali ! Amiiiin......!

Tidak ada komentar:
Posting Komentar